Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Nuwun, para pinisepuh ingkang
kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kakung sumawana putri
ingkang dahat kinurmatan.
Kula minangka tetalaning tanggap
wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri,
bilih saking keparengipun Bapak Bambang Susanto sarimbit, kula tinanggenah
nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya.
Ingkang sepisan, langkung rumiyin
ngaturake puji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha
Agung, dene saged anjenengi pawiwahan khitanan putranipun ingkang angka
setunggal ingkang naminipun Adi Santoso. Panjenenganipun Bapak Bambang Susanto sekaliyan
rumaos karoban ing sih sutrisna bebasan kadi lelumban wonten samodra kencana,
sakalangkung ndadosaken bombong bingahing manah.
“Le sawise koe dikhitan saiki koe
wis gedhe lan wis kena aturan-aturan agama. Mula wiwit saiki aja ninggalake kewajiban kang
kudu mbok lakoni miturut kapercayan lan agamamu. Koe kudu luwih mandiri lan ora
kaya bocah cilik maneh. Koe uga kudu luwih ngormati marang wong tuwa lan tresna
marang adi-adimu. Aja nganti nggawe laraning ati kaluarga. Sinaumu kudu luwih
mempeng supaya apa sing dadi gegayuhanmu bisa kasembadan.”
Dumateng putranipun ingkang mentas
dipun icali sukeripun saged wilujeng nir ing pancabaya, sageda dados putra
ingkang dewasa remaja ngertos tanggel jawab, bekti marang sesepuh lan murakapi
dateng bebrayan, kathah labuh labet dateng negari bangsa lan agaminipun.
Mugi-mugi Gusti Allah tansah maringi kasarasan kaselamatan kaliyan kelancaran
asalipun pados ngelmu. Mugi-mugi Dik Adi saget nggayuh manapa ingkang sampun
dicita-citakaken. Mugi-mugi Pak Bambang kaliyan sedaya kaluarga diparingi
kasehatan lan panjang yuswa sarta diparingi kabagyan wonten ing donya kaliyan
akhirat. Amin
Cekap semanten atur kula. Mbok bilih
wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken palenggahan
panjenengan sadaya. Kiranging trapsila saha bojakraina para sanak sadherek
ingkang tinanggenah among tamu. Kiranging trapsila para sinoman anggenipun
nglantaraken bojokrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelangen, kersaha para
tamu anglubema sih pangaksama.Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih
anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika taksih kathah cicir
cewet kuciwaning atur, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, awit
kiranging pangertosan kula, mugi para tamu kersaha anglunturaken gunging
samodra pangaksama.
Akhirul kalam billahit taufik wal
hidayah. Wassalamu’alaikum.Wr.Wb
by : Farida Sofyana Andaruni
Tidak ada komentar:
Posting Komentar